Selasa, 28 Mei 2013

LELO LEDUNG

Tak lelo lelo lelo ledung

Cup menenga aja pijer nangis

Anakku sing ayu (bagus) rupane

Yen nangis ndak ilang ayune (baguse)




Tak gadang bisa urip mulyo

Dadiyo wanito (priyo kang) utomo

Ngluhurke asmane wong tuwa
Dadiyo pandekaring bangsa





Wis cup menenga anakku

Kae mbulane ndadari

Kaya butho nggegilani

Lagi nggoleki cah nangis




Tak lelo lelo lelo ledung

Enggal menenga ya cah ayu (bagus)

Tak emban slendang batik kawung

Yen nangis mundak ibu bingung

Tidak ada komentar:

Posting Komentar